1 Kanggo lurah pasindhen.Kidung piwulange Prabu Dawud,
2 naliga Doëg, wong Edom seba ngaturi uninga marang Prabu Saul, yen Sang Senopati Dawud wus rawuh ing daleme Imam Akhimelekh.
3 He pahlawan, geneya kowe kok gumunggung ing bab piala,ana ing ngarepe wong kang sadina-dina kinasihan dening Gusti Allah?
4 Kowe ngrantam-ngrantam bilai,ilatmu iku kaya lading panyukuran kang wus kaasah,he wong cidra!
5 Kowe iku dhemen marang piala ngungkuli kabecikan,sarta marang para cidra ngluwihi kayekten. (Selah)
6 Kang kok dhemeni iku sakehing tetembungan kang ngrusak,he ilat kang cidra!
7 Nanging kowe iku ing satemene bakal dibrukake dening Gusti Allah ing saterusebakal direbat lan dilarak saka ing tarubbakal kabethot saka ing tanahe wong ngaurip. (Selah)