8 Para wong mursid bakal padha ndeleng, temahan padha wedi,lan bakal padha nggeguyu, pangucape:
9 “Lah kae delengen, wong iku ora nganggep Gusti Allah dadi pangungsene,nanging ngendelake marang kasugihane kang luber,lan ngayom marang pratingkahe anggone ngrerusak!”
10 Nanging aku iki bakal ana ing padalemane Gusti Allah;kaya wit jaitun kang ngrembuyung seger ijo royo-royo;sih-kadarmane Allah kang dakendelake ing salawase.
11 Kawula badhe ngunjukaken pamuji sokur wonten ing ngarsa Paduka ing salami-laminipun,margi saking pangreh Paduka;awit asma Paduka punika sae, mila badhe kawula suwurakenwonten ing ngajengipun para kekasih Paduka!