1 Kanggo lurah pasindhen.Miturut lagu: Mahalat. Kidung piwulange Prabu Dawud.
2 Wong gemblung mosik ing sajroning atine:“Ora ana Allah!”Kaculikan kang padha dilakoni iku rusuh lan nistha banget,ora ana kang nglakoni kabecikan.
3 Gusti Allah mirsani mangisor saka ing swargamarang para anaking manungsa,karsa nguningani apa ana kang duwe budi,lan kang ngupaya marang Gusti Allah.
4 Kabeh wus padha nyimpang, kabeh wus padha bubrah;ora ana kang gawe becik, siji bae ora ana.