2 Dhuh Allah, kawula mugi Paduka welasi, margi tiyang-tiyang sami ngidak-idak kawula,sarta kawula dipun perangi saha dipun pepetaken sadinten muput.
3 Mengsah-mengsah kawula sami ngidak-idak kawula sadinten muput,malah kathah tiyang ingkang nglawan kawula kalayan gumunggung.
4 Manawi kawula ajrih,kawula punika kumandel dhumateng Paduka;
5 Gusti Allah, kang pangandikane dakalembana,iya Gusti Allah iku kang dakandelake, mulane aku ora wedi.Manungsa bisa manggawe apa marang aku?
6 Sadinten-dinten sami ngruwedaken prakawis kawula,sami tansah gadhah kekajengan badhe nandukaken piawon dhateng kawula,
7 sami badhe nempuh, ngintip saha ngawasaken dhateng lampah kawula,kados tiyang ingkang sami ngangkah dhateng nyawa kawula.
8 Tiyang wau punapa saged oncat, manawi ngengeti durakanipun wau?Dhuh Allah, para bangsa mugi sami Paduka rebahaken klayan bebendu Paduka.