4 Manawi kawula ajrih,kawula punika kumandel dhumateng Paduka;
5 Gusti Allah, kang pangandikane dakalembana,iya Gusti Allah iku kang dakandelake, mulane aku ora wedi.Manungsa bisa manggawe apa marang aku?
6 Sadinten-dinten sami ngruwedaken prakawis kawula,sami tansah gadhah kekajengan badhe nandukaken piawon dhateng kawula,
7 sami badhe nempuh, ngintip saha ngawasaken dhateng lampah kawula,kados tiyang ingkang sami ngangkah dhateng nyawa kawula.
8 Tiyang wau punapa saged oncat, manawi ngengeti durakanipun wau?Dhuh Allah, para bangsa mugi sami Paduka rebahaken klayan bebendu Paduka.
9 Kasangsaran kawula punika Paduka ingkang ngetang-etang,luh kawula Paduka rimat wonten ing impes Paduka;sadaya rak sampun sami Paduka cathet wonten ing Kitab Paduka?
10 Mungsuhku banjur padha mundur nalika aku sesambat,aku yakin yen Gusti Allah nunggil karo aku.