1 Kanggo lurah pasindhen.Miturut lagu: Aja ngrusak. Miktam anggitane Prabu Dawud, nalika lumajeng saka ing ngarsane Sang Prabu Saul menyang ing guwa.
2 Kawula mugi Paduka welasi, dhuh Allah, kawula mugi Paduka welasi,awit namung Paduka ingkang dados pangaubaning nyawa kawula;kawula ngayom wonten ing sangandhaping swiwi Paduka,ngantos bebaya punika sampun mengker.
3 Aku sesambat marang Gusti Allah Kang Mahaluhur,Gusti Allah ngrampungi prakaraku.
4 Gusti Allah muga karsaa utusan saka ing swarga ngluwari aku,lan mirang-mirangake wong kang ngidak-idak aku. (Selah)Gusti Allah muga karsaa ngintunake sih-kadarman lan kabenerane.
5 Aku ngleleh ana ing tengah-tengahing singa-singa,kang dhemen nubruk anak-anaking manungsa,kang untune kaya tumbak lan panah,sarta kang ilate kaya pedhang landhep.
6 Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa nedahaken kaluhuran Paduka,ngantos dumugi ing sanginggiling langit,sarta kamulyan Paduka mugi nglangkungana salumahing bumi.