3 Aku sesambat marang Gusti Allah Kang Mahaluhur,Gusti Allah ngrampungi prakaraku.
4 Gusti Allah muga karsaa utusan saka ing swarga ngluwari aku,lan mirang-mirangake wong kang ngidak-idak aku. (Selah)Gusti Allah muga karsaa ngintunake sih-kadarman lan kabenerane.
5 Aku ngleleh ana ing tengah-tengahing singa-singa,kang dhemen nubruk anak-anaking manungsa,kang untune kaya tumbak lan panah,sarta kang ilate kaya pedhang landhep.
6 Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa nedahaken kaluhuran Paduka,ngantos dumugi ing sanginggiling langit,sarta kamulyan Paduka mugi nglangkungana salumahing bumi.
7 Lakuku padha dipasangi kala-jiret,nyawaku ditungkulake,padha ndhudhuk luwangan ana ing ngarepku,nanging banjur padha kecemplung dhewe ana ing kono. (Selah)
8 Manah kawula sampun cumawis, dhuh Allah, manah kawula sampun cumadhang,kawula badhe ngrerepi, kawula badhe ngidung masmur.
9 He nyawaku, tangia, tangia, he slukat lan clempung,aku arep nggugah bangbang wetan!