2 Dhuh Yehuwah, kawula mugi sampun Paduka ukum kalayan bebendu Paduka,mugi sampun Paduka perdi kalayan bramantya Paduka.
3 Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka welasi, awit kawula nglayung.Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka sarasaken,awit balung kawula sami gumeter,
4 lan nyawa kawula sanget kaget.Dene Paduka, dhuh Yehuwah, taksih sapinten dangunipun?
5 Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa wangsul,karsaa ngentas nyawa kawula,mugi karsaa ngluwari kawula awit saking sih-kadarman Paduka.
6 Awit ing salebetipun pejah boten wonten tiyang ingkang ngenget-enget dhumateng Paduka,wonten ing teleng palimengan sinten ingkang badhe memuji dhumateng Paduka?
7 Kawula sampun lesah margi saking pangesah kawula,ing saben dalu patileman kawula kebesan ing luh kawula,amben kawula kawula benani kalayan luh kawula.
8 Mripat kawula ngantos pendul margi saking sisah,sarta lamur jalaran kathahing tiyang ingkang ngrupeki manah kawula.