3 Kados makaten anggen kawula tumenga dhumateng Paduka wonten ing pasucen,kalayan nyawang dhateng karosan saha kamulyan Paduka.
4 Amargi sih-kadarman Paduka langkung sae tinimbang gesang;lambe kawula badhe memuji asma Paduka.
5 Inggih makaten punika anggen kawula badhe ngluhuraken Paduka ing salaminipun kawula gesang,ngulukaken tangan kawula margi saking asma Paduka.
6 Nyawa kawula kados katuwukan ing gajih saha sungsum,kalayan lambe ingkang asurak-surakcangkem kawula ngaturaken pamuji.
7 Manawi kawula wonten ing patileman kengetan dhumateng Paduka,sadalu muput anggen kawula semedi dhumateng Paduka,
8 sayektosipun Paduka sampun dados pitulungan kawula,saha kawula saged surak-surak wonten ing aubing swiwi Paduka.
9 Nyawa kawula rumaket dhumateng Paduka,sarta asta tengen Paduka nyepengi kawula.