7 kang mrentah kanthi santosa ing salawase,kang mirsani para bangsa kalawan paningale.Wong kang padha mbalela ora bisa gumunggung. (Selah)
8 He para bangsa, Gusti Allah kita padha saosana puji,lan padha ngunjukna pepujian marang Panjenengane!
9 Panjenengane kang nguripi nyawa kitasarta ora marengake manawa sikil kita padha gloyoran.
10 Amargi Paduka sampun ndadar kawula, dhuh Allah,sampun Paduka besot kadosdene mbesot selaka.
11 Paduka sampun mbekta kawula lumebet ing jaring;tuwin boyok kawula Paduka tumpangi momotan.
12 Paduka kendelaken kemawon tiyang-tiyang ingkang sami ngicak-icak sirah kawula,kawula sampun lumebet ing latu lan ing toya;nanging samangke kawula sampun Paduka wedalaken temahan lajeng luwar.
13 Kawula badhe sowan lumebet ing padaleman Paduka ngaturaken kurban obaran,saha ngluwari nadar kawula konjuk dhumateng Paduka,