1 Kanggo lurah pasindhen.Binarung swaraning clempung. Masmur. Kidungan.
2 Gusti Allah muga paring sih-rahmat lan berkah marang kita,Panjenengane muga karsaa nyunari kita kalawan wadanane, (Selah)
3 supados margi Paduka kasumerepan wonten ing bumi,saha karahayon peparing Paduka wonten ing satengahing bangsa sadaya.
4 Dhuh Allah, para bangsa mugi sami ngucapa sokur dhumateng Paduka;para bangsa mugi sami ngucap sokur dhumateng Paduka sadaya.