1 Kanggo lurah pasindhen.Masmur anggitane Prabu Dawud. Kidungan.
2 Allah jumeneng, mungsuhe padha buyar,wong kang padha sengit marang Panjenengane larud saka ing ngarsane.
3 Sami kados kukus kabur sirna,kados lilin ajer wonten ing sangajenging latu,makaten tumpesipun tiyang duraka wonten ing ngarsanipun Gusti Allah.
4 Nanging para tiyang mursid sami bingah-bingah,sami sumyak-sumyak wonten ing ngarsanipun Gusti Allah,sami gambira lan sukarena.