13 Para rajane wadya-bala kabeh padha lolos, padha keplajeng,para wong wadon kang tunggu omah padha ngedum-edum barang jarahane.
14 Kowe apa padha gelem leleyeh ana ing antarane kandhang-kandhang?Swiwining manuk dara padha diselut selaka,sarta elare kaselut ing emas kang mencorong.
15 Nalika Kang Mahakawasa mbuyarake para raja ana ing kono,gunung Zalmon banjur kaudanan ing salju.
16 Gunung Basyan iku gunung kagungane Gusti Allah,gunung Basyan iku gunung kang pucake akeh!
17 He gunung-gunung kang pucake akeh, yagene kowe padha ewa mleroki gunung kang dikarsakake dening Gusti Allah dadi padalemane?Lah Pangeran Yehuwah bakal dedalem ana ing kono ing salawase.
18 Karetane Gusti Allah iku puluhan ewu,malah ewon kehe,Pangeran wus tedhak saka ing gunung Sinai lumebet ing padaleman suci.
19 Paduka sampun sumengka dhateng ing ngaluhur, mbandhangi para tiyang tawanan;Paduka nampeni pisungsung saking para manungsa,malah ugi saking para tiyang ingkang sami mbalelasupados sami manggen wonten ing ngriku, dhuh Sang Yehuwah Allah.