19 Paduka sampun sumengka dhateng ing ngaluhur, mbandhangi para tiyang tawanan;Paduka nampeni pisungsung saking para manungsa,malah ugi saking para tiyang ingkang sami mbalelasupados sami manggen wonten ing ngriku, dhuh Sang Yehuwah Allah.
20 Pinujia Pangeran!Sadina-dina Panjenengane nanggel urip kita.Gusti Allah iku karahayon kita. (Selah)
21 Gusti Allah iku tumrap kita Allah kang paring karahayon,Gusti Allah, Gustiku iku ngluwari kita saka ing pati.
22 Lah, Gusti Allah ngremuk endhasing mungsuhe,pathake wong kang dhiwut-dhiwut, kang ndlarung ing sajroning kaluputane.
23 Dhawuhe Pangeran mangkene: “Bakal Sunbalekake saka ing Basyan,bakal Sungawa bali saka ing panggonan kang jero,
24 supaya sira ngwisuhi sikilira kalawan getih,sarta ilate asu-asunira uga padha oleh panduman saka mungsuhira.”
25 Dhuh Allah, tiyang sami ningali tindak Paduka mawi arak-arakan,arak-arakanipun Allah kawula, Raja kawula dhateng ing pasucen.