22 Lah, Gusti Allah ngremuk endhasing mungsuhe,pathake wong kang dhiwut-dhiwut, kang ndlarung ing sajroning kaluputane.
23 Dhawuhe Pangeran mangkene: “Bakal Sunbalekake saka ing Basyan,bakal Sungawa bali saka ing panggonan kang jero,
24 supaya sira ngwisuhi sikilira kalawan getih,sarta ilate asu-asunira uga padha oleh panduman saka mungsuhira.”
25 Dhuh Allah, tiyang sami ningali tindak Paduka mawi arak-arakan,arak-arakanipun Allah kawula, Raja kawula dhateng ing pasucen.
26 Tiyang ingkang sesindhenan lumampah wonten ing ngajeng,ingkang wonten ing wingkingipun para ingkang sami ngungelaken clempung,ingkang wonten ing tengah para prawan ingkang sami nrebang.
27 “Padha ngluhurna Gusti Allah apepanthan,yaiku Pangeran Yehuwah, he kowe kang asalmu padha saka ing tuke Israel!”
28 Kae Benyamin, kang wuragil, kang lumaku ana ing ngarep dhewe,para panggedhening Yahuda padha gumrudug,para panggedhening Zebulon, para panggedhening Naftali.