7 wong kang kesepen sanak sadulur padha diparingi papan panggonan,wong tawanan padha diluwari, temah padha rumangsa begja,nanging wong mbalela padha andhok ana ing tanah gundhul.
8 Dhuh Allah, kala Paduka mangsah perang wonten ing ngajengipun umat Paduka,nalika Paduka tindak ngambah ing pasamunan, (Selah)
9 bumi gonjang-ganjing, malah langit nurunaken jawah wonten ing ngarsanipun Gusti Allah;redi Sinai hoyag wonten ing ngarsanipun Gusti Allah, Allahipun Israel.
10 Dhuh Allah, Paduka ngesokaken jawah kalayan mirah;siti kagungan Paduka ingkang garing Paduka pulihaken,
11 temah pepanthaning raja-kaya Paduka lajeng sami angsal panggenan wonten ing ngriku;dhuh Allah, margi saking sih-kadarman Paduka,Paduka maringi kabetahanipun tiyang ingkang katindhes.
12 Pangeran paring pangandika;wong kang padha nggawa kabar becik iku dadi wadya-bala kang gedhe.
13 Para rajane wadya-bala kabeh padha lolos, padha keplajeng,para wong wadon kang tunggu omah padha ngedum-edum barang jarahane.