18 Sampun ngantos nyingidaken wadana Paduka saking abdi Paduka,amargi kawula karupekan; mugi enggal karsaa paring wangsulan dhumateng kawula!
19 Mugi karsaa ngrawuhi kawula saha nebus kawula.Kawula mugi Paduka luwari margi saking satru-satru kawula.
20 Paduka nupiksani cacad kawula,kawirangan kawula saha kanisthan kawula.Paduka boten kekilapan dhateng mengsah kawula.
21 Manah kawula rempu margi saking panyamah,telah pangajeng-ajeng kawula;kawula ngajeng-ajeng sih-piwelas, nanging tanpa gina,sarta ngajeng-ajeng dhateng panglipur, nanging boten pinanggih.
22 Malah kawula dipun tedhani racun,sarta nalika kawula ngelak, dipun sukani anggur kecut.
23 Pekembulanipun tiyang-tiyang punika dadosa jiret wonten ing ngajengipun,lan kendhurenipun dadosa kala.
24 Mripatipun sami dadosa peteng,ngantos boten saged ningali;sarta bangkekanipun dadosa lelah-leloh!