21 Manah kawula rempu margi saking panyamah,telah pangajeng-ajeng kawula;kawula ngajeng-ajeng sih-piwelas, nanging tanpa gina,sarta ngajeng-ajeng dhateng panglipur, nanging boten pinanggih.
22 Malah kawula dipun tedhani racun,sarta nalika kawula ngelak, dipun sukani anggur kecut.
23 Pekembulanipun tiyang-tiyang punika dadosa jiret wonten ing ngajengipun,lan kendhurenipun dadosa kala.
24 Mripatipun sami dadosa peteng,ngantos boten saged ningali;sarta bangkekanipun dadosa lelah-leloh!
25 Paduka mugi karsaa ngebyuki ing bebendu tiyang-tiyang punika,sarta ketamana ing mulad-mulading deduka Paduka.
26 Pemahanipun dadosa suwung,kemah-kemahipun sampun ngantos wonten ing ngenggeni.
27 Amargi sami nguya-uya tiyang ingkang Paduka gebagi,sami ngindhaki sakitipun tiyang ingkang sami Paduka tatoni.