29 Mugi kacoreka saking kitabing gesang,sampun ngantos kecathet nunggil kaliyan tiyang ingkang sampurna!
30 Nanging kawula punika katindhes lan sinangsara,dhuh Allah, karahayon peparing Paduka mugi ngayomi kawula!
31 Asmane Allah bakal dakpuji kalawan kekidungan,sarta Panjenengane dakluhurake kanthi kidung panuwun.
32 Ana ing paningaling Allah iku luwih becik katimbang sapi lanang,ngluwihi sapi lanang kang wus ana sungune lan atracak belah.
33 Delengen, he wong kang andhap-asor lan padha bungah-bungaha,he wong kang padha ngupaya marang Allah, cikben atimu girang maneh!
34 Amarga Pangeran Yehuwah miyarsakake marang wong kang padha mlarat,lan ora nyepelekake marang umate kang dadi tahanan.
35 Panjenengane muga linuhurna dening langit lan bumi,sarta segara dalah kang molah ana ing jerone.