3 Kawula ambles ing rawa ingkang lebet,boten wonten papan kangge pancadan;kawula sampun klelep wonten ing toya ingkang lebet,alun ageng ngentiraken kawula.
4 Kawula lesah margi saking anggen kawula sesambat, telak kawula garing;mripat kawula pedhes margi saking anggen kawula ngantos-antos dhumateng Gusti Allah kawula.
5 Tiyang ingkang nyengiti kawula tanpa sabab langkung kathah katimbang rambut kawula,kathah sanget cacahipun tiyang ingkang ngangkah badhe ngrisak kawula,ingkang nyatur kawula tanpa sabab;kawula dipun peksa nglintoni barang ingkang boten kawula rayah.
6 Dhuh Allah, Paduka mirsa menggah bodho kawula,kalepatan-kalepatan kawula Paduka boten kekilapan.
7 Dhuh, Pangeran, Allahing sarwa tumitah,para tiyang ingkang ngantos-antos dhumateng Paduka,mugi sampun ngantos nandhang wirang margi saking kawula.Dhuh Allahipun Israel, tiyang ingkang ngupadosi Paduka,sampun ngantos dados cacadan margi saking kawula.
8 Margi saking Paduka kawula tampi pamada,rai kawula kebak cacad.
9 Kawula dipun emohi sadherek-sadherek kawula,anak-anakipun embok kawula sami nganggep kawula tiyang sanes,