9 Kawula dipun emohi sadherek-sadherek kawula,anak-anakipun embok kawula sami nganggep kawula tiyang sanes,
10 margi anggen kawula ngandhemi padaleman Paduka punika nggesengaken kawula,sarta tembung-tembung panacad dhumateng Paduka sampun namani kawula.
11 Kawula ngrisak badan kawula sarana siyam,nanging punika ugi dados cacad tumrap kawula;
12 kawula mangangge bagor,lajeng dados pocapanipun.
13 Kawula tansah dados rembagipun tiyang-tiyang ingkang sami linggih ing korining gapura,kawula dipun nyanyekaken dening tiyang ingkang sami remen ngombe inuman keras kalayan ngungelaken clempung.
14 Nanging kawula, kawula ndedonga dhumateng Paduka,dhuh Yehuwah,ing wekdal Paduka karenan ing panggalih, dhuh Allah;demi sih-piwelas Paduka ingkang agung, paduka mugi karsaa paring wangsulan dhumateng kawula,kanthi pitulungan Paduka ingkang setya!
15 Kawula mugi Paduka entasaken saking ing endhutan,sampun ngantos kleleb,kawula mugi kaluwarana saking tiyang-tiyang ingkang sami sengit dhumateng kawula,sarta saking toya ingkang lebet.