1 Kanggo lurah pasindhen.Anggitane Sang Prabu Dawud, nalika nyaosake kurban pengetan.
2 Dhuh Allah, mugi enggal karsaa ngluwari kawula,dhuh Yehuwah, mugi karsaa mitulungi kawula!
3 Tiyang ingkang ngangkah njabut nyawa kawula,mugi sami kawirangna saha klicutan;ingkang ngangkah damel bilai kawula,mugi sami kaundurna saha nandhanga wirang;
4 kajengipun mundur margi isin,ingkang sami mungel: “Sokur, sokur!”