10 Awit kawula dipun raosi dening para satru kawula,tiyang ingkang sami ngangkah nyawa kawula sami sekuthon,
11 pangucapipun: “Wong kae wus ditegakake dening Gusti Allah,padha oyaken, nganti kecekel, awit ora ana kang mitulungi!”
12 Dhuh Allah, Paduka sampun ngantos tebih saking kawula,dhuh Allah kawula, Paduka mugi enggal-enggal karsa mitulungi kawula!
13 Tiyang ingkang sami nyatru nyawa kawula mugi samia kawirangan lan sami tumpesa;ingkang ngangkah cilaka kawula mugi karobana ing kanisthan lan kawirangan!
14 Nanging kawula badhe ngantepi ing pangajeng-ajeng,saha mindhak-mindhak anggen kawula ngluhuraken Paduka;
15 cangkem kawula badhe nyariyosaken kaadilan Paduka,saha karahayon peparing Paduka ing sadinten-dinten,amargi kawula boten saged ngetang kathahipun.
16 Kawula badhe dhateng kanthi kaprawiranipun Gusti Allah,saha namung badhe ngundhangaken kaadilan Paduka.