11 pangucapipun: “Wong kae wus ditegakake dening Gusti Allah,padha oyaken, nganti kecekel, awit ora ana kang mitulungi!”
12 Dhuh Allah, Paduka sampun ngantos tebih saking kawula,dhuh Allah kawula, Paduka mugi enggal-enggal karsa mitulungi kawula!
13 Tiyang ingkang sami nyatru nyawa kawula mugi samia kawirangan lan sami tumpesa;ingkang ngangkah cilaka kawula mugi karobana ing kanisthan lan kawirangan!
14 Nanging kawula badhe ngantepi ing pangajeng-ajeng,saha mindhak-mindhak anggen kawula ngluhuraken Paduka;
15 cangkem kawula badhe nyariyosaken kaadilan Paduka,saha karahayon peparing Paduka ing sadinten-dinten,amargi kawula boten saged ngetang kathahipun.
16 Kawula badhe dhateng kanthi kaprawiranipun Gusti Allah,saha namung badhe ngundhangaken kaadilan Paduka.
17 Dhuh Allah, wiwit alit mila kawula sampun Paduka wulang,lan ngantos dumugi sapunika kawula tansah nggelaraken pakaryan Paduka ingkang ngedab-edabi;