4 Dhuh Allah kawula, Paduka mugi karsaa ngluwari kawula saking tanganipun tiyang duraka,saha cangkeremaning para tiyang ingkang ambek-siya lan dakwenang.
5 Sabab, dhuh Pangeran inggih Paduka punika ingkang dados pangajeng-ajeng kawula,andel-andel kawula wiwit alit mila, dhuh Yehuwah.
6 Kawula sumendhe dhumateng Paduka wiwit wonten ing kandhutan,Paduka ingkang ngedalaken kawula saking kandhutaning biyung kawula;Paduka ingkang tansah kawula pepuji.
7 Kawula dados tandha ingkang ngeramaken tumrap tiyang kathah,amargi Paduka punika pangungsen kawula ingkang santosa.
8 Cangkem kawula kebak pamuji dhumateng Paduka,sadinten-dinten Paduka kawula luhuraken.
9 Samangsa kawula sampun sepuh, mugi sampun ngantos Paduka tampik,sampun ngantos nilar kawula manawi kakiyatan kawula sampun telas.
10 Awit kawula dipun raosi dening para satru kawula,tiyang ingkang sami ngangkah nyawa kawula sami sekuthon,