6 Kawula sumendhe dhumateng Paduka wiwit wonten ing kandhutan,Paduka ingkang ngedalaken kawula saking kandhutaning biyung kawula;Paduka ingkang tansah kawula pepuji.
7 Kawula dados tandha ingkang ngeramaken tumrap tiyang kathah,amargi Paduka punika pangungsen kawula ingkang santosa.
8 Cangkem kawula kebak pamuji dhumateng Paduka,sadinten-dinten Paduka kawula luhuraken.
9 Samangsa kawula sampun sepuh, mugi sampun ngantos Paduka tampik,sampun ngantos nilar kawula manawi kakiyatan kawula sampun telas.
10 Awit kawula dipun raosi dening para satru kawula,tiyang ingkang sami ngangkah nyawa kawula sami sekuthon,
11 pangucapipun: “Wong kae wus ditegakake dening Gusti Allah,padha oyaken, nganti kecekel, awit ora ana kang mitulungi!”
12 Dhuh Allah, Paduka sampun ngantos tebih saking kawula,dhuh Allah kawula, Paduka mugi enggal-enggal karsa mitulungi kawula!