1 Masmur anggitane Asaf.Satemene Gusti Allah iku becik tumrap para wong kang mulus atine,lan kang resik atine.
2 Nanging aku, kurang sathithik bae sikilku keplesed,aku meh keplesed.
3 Amarga panas atiku marang para wong kang gumunggung,manawa aku meruhi kabegjane wong duraka.
4 Awit iku ora padha nandhang lara,awake waras lan lemu;