2 Nanging aku, kurang sathithik bae sikilku keplesed,aku meh keplesed.
3 Amarga panas atiku marang para wong kang gumunggung,manawa aku meruhi kabegjane wong duraka.
4 Awit iku ora padha nandhang lara,awake waras lan lemu;
5 ora padha ngrasakake susahing manungsa,lan ora padha kena ing bebendu kaya wong liyane.
6 Mulane padha akalung piangkuh,tuwin panganggone arupa panganiaya.
7 Amarga saka lemune, kaluputane katon ngegla,atine mbludag ing pandakwa.
8 Padha nyemoni lan muni-muni kanthi patrap kang ala,bab panganiaya padha dirembug kalawan gumunggung.