6 Mulane padha akalung piangkuh,tuwin panganggone arupa panganiaya.
7 Amarga saka lemune, kaluputane katon ngegla,atine mbludag ing pandakwa.
8 Padha nyemoni lan muni-muni kanthi patrap kang ala,bab panganiaya padha dirembug kalawan gumunggung.
9 Padha ngangapake cangkeme nglawan marang langit,lan ilate ngumukake awake ana ing bumi.
10 Marga saka iku wong padha bali marani dheweke kabeh,katone kaya banyu kang kimplah-kimplah.
11 Sarta pangucape: “Kapriye Gusti Allah anggone mirsa bab iku,apa Kang Mahaluhur iku kadunungan kawruh?”
12 Lah kaya mangkono iku kaanane para wong duraka:padha golek undhaking barang-darbeke sarta seneng-seneng ing salawase!