3 Paduka mugi karsaa rawuh ing panggenan ingkang kalajeng-lajeng risak punika;sadaya-sadayanipun sampun kasirnakaken dening mengsah wonten ing pasucen.
4 Satru Paduka sami mbaung wonten ing dalem pamujan Paduka,saha sampun ngedegaken benderanipun kadamel tetenger.
5 Katingalipun kados tiyang ingkang ninggil wadung ngantos inggil,kaempakaken ing kekajengan ingkang ketel,
6 lan sapunika ukir-ukiranipunsami dipun dhawahi ing kampak tuwin wadung sadaya;
7 padaleman Paduka ingkang suci dipun besmi,sarta papan padalemaning asma Paduka dipun najisaken ngantos dumugi ing siti;
8 osiking manahipun makaten: “Apike padha daktumpes kabeh wae!”Lajeng dalem pamujan ing saindenging nagari dipun besmeni sadaya.
9 Tetenger kawula boten wonten ingkang katingal,nabi inggih sampun boten wonten malih,saha panunggilan kawula sadaya boten wonten ingkang sumerep badhe ngantos sapinten dangunipun malih.