9 Tetenger kawula boten wonten ingkang katingal,nabi inggih sampun boten wonten malih,saha panunggilan kawula sadaya boten wonten ingkang sumerep badhe ngantos sapinten dangunipun malih.
10 Dhuh Allah badhe ngantos sapinten dangunipunanggenipun satru punika nyenyampahi,saha mengsah anggenipun ngawon-awon asma Paduka tanpa kendel punika?
11 Punapaa dene Paduka narik wangsul asta Paduka,sarta numpangaken asta Paduka ingkang tengen ing jaja?
12 Ewasamanten Paduka, dhuh Allah, dados Ratu kawula wiwit jaman kina mila,ingkang paring pangluwaran wonten ing bumi.
13 Inggih Paduka punika ingkang miyak saganten klayan kakiyatan Paduka,ingkang ngremuki endhasipun naga-naga wonten ing sanginggiling toya.
14 Paduka ingkang ngremuki endhasipun Lewiyatan-lewiyatan,Paduka pakakaken dhateng sato ing pasamunan.
15 Paduka ingkang mbelah sumber saha lepen;Paduka ingkang ngesataken lepen-lepen ingkang ajeg mili.