2 Kawula sami ngunjukaken pamuji sokur dhumateng Paduka, dhuh Allah, kawula sami ngunjukaken pamuji sokur,tiyang-tiyang ingkang nyebut asma Padukasami nyariyosaken pakaryan Paduka ingkang ngedab-edabi.
3 “Manawa Ingsun nemtokake wektune,Ingsun piyambak kang bakal mancasi kalawan adil.
4 Bumi lan sakehing wong saisine padha lebur;Ingsun, iya Ingsun piyambak kang njejegake cagak-cagake.” (Selah)
5 Ingsun ngandika marang para wong gumunggung: “Sira aja padha gumunggung.”Sarta marang para wong duraka: “Sira aja padha masang sungu!
6 Aja padha masang sungunira nganti dhuwur,lan aja calathu kalawan ndegeg!”
7 Sabab kamulyan iku pinangkane ora saka ing wetan utawa saka ing kulon,lan iya ora saka ing pasamunan,
8 nanging Gusti Allah iku kang jumeneng Hakim:nglorod wong kang siji, sarta njunjung sijine.