5 Ingsun ngandika marang para wong gumunggung: “Sira aja padha gumunggung.”Sarta marang para wong duraka: “Sira aja padha masang sungu!
6 Aja padha masang sungunira nganti dhuwur,lan aja calathu kalawan ndegeg!”
7 Sabab kamulyan iku pinangkane ora saka ing wetan utawa saka ing kulon,lan iya ora saka ing pasamunan,
8 nanging Gusti Allah iku kang jumeneng Hakim:nglorod wong kang siji, sarta njunjung sijine.
9 Astane Pangeran nyepeng tuwung isi anggur kang munthuk,kebak campuran bumbu;Panjenengane banjur ngiling saka ing kono;lah ampase bakal disruput lan diombedening sakehing wong duraka ing bumi.
10 Nanging aku bakal surak-surak ing salawas-lawase,Gusti Allahe Rama Yakub bakal dakpuji kalawan masmur.
11 Sakehing sungune para wong duraka bakal diremuk,nanging sungune wong mursid iku bakal padha didhuwurake.