4 Ana ing kono Pangeran wus mutungi panah kang kumilat,tameng tuwin pedhang sarta piranti perang. (Selah)
5 Gumilaping cahya Paduka punika kamulyanipun ngungkulipareden ingkang wonten wiwit kina makina.
6 Para wong kendel wus padha kajarah-rayah,padha ngantuk angles,para prawira kabeh wus padha kaya koncatan ing kakuwatane.
7 Dhuh Allahipun Rama Yakub, amargi saking bebendu Paduka,kapal saha ingkang numpaki sami katileman.
8 Paduka punika nggegirisi!Sinten ingkang tahan wonten ing ngarsa Padukasamangsa Paduka duka?
9 Paduka ndhawahaken pancasaning pangadilan saking ing langit;bumi ajrih saha kami-tenggengen,
10 nalika Gusti Allah jumeneng ngasta pangadilan,saha ngluwari sakathahipun tiyang ingkang katindhes wonten ing bumi. (Selah)