5 Gumilaping cahya Paduka punika kamulyanipun ngungkulipareden ingkang wonten wiwit kina makina.
6 Para wong kendel wus padha kajarah-rayah,padha ngantuk angles,para prawira kabeh wus padha kaya koncatan ing kakuwatane.
7 Dhuh Allahipun Rama Yakub, amargi saking bebendu Paduka,kapal saha ingkang numpaki sami katileman.
8 Paduka punika nggegirisi!Sinten ingkang tahan wonten ing ngarsa Padukasamangsa Paduka duka?
9 Paduka ndhawahaken pancasaning pangadilan saking ing langit;bumi ajrih saha kami-tenggengen,
10 nalika Gusti Allah jumeneng ngasta pangadilan,saha ngluwari sakathahipun tiyang ingkang katindhes wonten ing bumi. (Selah)
11 Saestu para tiyang brangasan lajeng badhe sami caos sokur dhumateng asma Paduka,kekantunaning tiyang brangasan sami Paduka kendhaleni.