1 Kanggo lurah pasindhen.Miturut: Yedutun. Masmur anggitane Asaf.
2 Aku arep nyebut marang Gusti Allah kalawan swara sora,kalawan swara sora marang Gusti Allah, supaya midhangetake marang aku.
3 Ing dina karubedan aku ngupaya Pangeran;ing wayah bengi tanganku dakegarake,lan ora banjur kesel,nyawaku lumuh diarih-arih.
4 Manawa aku ngangen-angen marang Allah, banjur ngadhuh-adhuh,manawa dakrasak-rasakake, nyawaku saya lungkrah lesu. (Selah)
5 Paduka damel mripat kawula tansah kelop-kelop;kawula semplah, temah boten saged wicanten.
6 Kawula manah-manah dhateng lelampahan nalika jaman kina;kawula kengetan taun-taun ingkang sampun kapengker.