16 Umat Paduka, tedhak turunipun Rama Yakub tuwin Rama Yusuf,sampun Paduka tebus klayan asta Paduka. (Selah)
17 Dhuh Allah, toya-toya sampun sami ningali Paduka,toya-toya sampun sami ningali Paduka saha sami gumeter,malah samodra agung inggih ndhredheg.
18 Mendhung nggrojogaken toya,gumuruh swaraning mega mawarni-warni,malah jemparing Paduka sami pating clorot.
19 Swaraning gludhug Paduka gumledheg,kilat-kilat sami madhangi jagad,bumi geter saha gonjang-ganjing.
20 Margi Paduka nglangkungi saganten,sarta lurung Paduka nglangkungi nginggiling toya ingkang wiyar,nanging tapak tilas Paduka boten katingal.
21 Paduka sampun ngirid umat Paduka kados nggiring menda apanthan,lumantar Nabi Musa lan Imam Harun.