2 Aku arep nyebut marang Gusti Allah kalawan swara sora,kalawan swara sora marang Gusti Allah, supaya midhangetake marang aku.
3 Ing dina karubedan aku ngupaya Pangeran;ing wayah bengi tanganku dakegarake,lan ora banjur kesel,nyawaku lumuh diarih-arih.
4 Manawa aku ngangen-angen marang Allah, banjur ngadhuh-adhuh,manawa dakrasak-rasakake, nyawaku saya lungkrah lesu. (Selah)
5 Paduka damel mripat kawula tansah kelop-kelop;kawula semplah, temah boten saged wicanten.
6 Kawula manah-manah dhateng lelampahan nalika jaman kina;kawula kengetan taun-taun ingkang sampun kapengker.
7 Ing wanci dalu kawula ngenam-enam salebeting manah,kawula nggagas-nggagas tuwin nyawa kawula nlusur-nlusur:
8 “Pangeran apa iya nampik ing salawase,lan apa ora bakal paring sih-piwelas maneh?