4 Manawa aku ngangen-angen marang Allah, banjur ngadhuh-adhuh,manawa dakrasak-rasakake, nyawaku saya lungkrah lesu. (Selah)
5 Paduka damel mripat kawula tansah kelop-kelop;kawula semplah, temah boten saged wicanten.
6 Kawula manah-manah dhateng lelampahan nalika jaman kina;kawula kengetan taun-taun ingkang sampun kapengker.
7 Ing wanci dalu kawula ngenam-enam salebeting manah,kawula nggagas-nggagas tuwin nyawa kawula nlusur-nlusur:
8 “Pangeran apa iya nampik ing salawase,lan apa ora bakal paring sih-piwelas maneh?
9 Sih-susetyane apa wus sirna ing sabanjure,prasetyane apa wus tumeka ing pungkasane nganti turun-tumurun?
10 Gusti Allah apa wus kesupen marang ing pangemane,sih-piwelase apa kapunggel marga saka bebendune?” (Selah)