9 Sih-susetyane apa wus sirna ing sabanjure,prasetyane apa wus tumeka ing pungkasane nganti turun-tumurun?
10 Gusti Allah apa wus kesupen marang ing pangemane,sih-piwelase apa kapunggel marga saka bebendune?” (Selah)
11 Ing kono pangucapku: “Iki kang nuwek atiku,dene astane tengen Kang Mahaluhur wis owah!”
12 Aku bakal ngeling-eling pakaryan-pakaryane Pangeran Yehuwah,inggih, kawula badhe ngengeti kaelokan Paduka kala jaman kina.
13 Kawula badhe nyebut sakathahing pakaryan Paduka,sarta badhe manah dhateng saliring pandamel Paduka.
14 Dhuh Allah, margi Paduka punika suci!Allah ingkang pundi ingkang agung kados Allah kawula sadaya?
15 Paduka punika Gusti Allah ingkang nindakaken kaelokan;Paduka sampun nglairaken pangwaos Paduka wonten ing tengahipun para bangsa.