1 Kidung piwulang anggitane Asaf.Dhuh bangsaku, piwulangku padha rungokna,pamicarane cangkemku padha tilingna.
2 Aku arep mbukak cangkemku prelu medharake bebasan,aku arep ngucapake cangkriman jaman kuna,
3 Apa kang wus padha kita rungu, sarta kita sumurupi,lan kang dicritakake dening para leluhur kita marang kita,
4 ora bakal daksidhem tumrap anak-putune;nanging kita bakal nyaritakake marang para turun ing tembepepujian marang Pangeran Yehuwah lan kasantosane,sarta kaelokan-kaelokan kang wus katindakake.
5 Pangeran wus ndhawuhake pepenget marang trahe Rama Yakub,lan angger-anggering Toret marang Banisrael;para leluhur kita padha kadhawuhanngluntakake iku marang para anak putune,
6 supaya disumurupana dening para turune ing sapungkure,supaya anak-putu kang ing tembe bakal padha lair,padha gumregah lan nyaritakake marang anak-anake,