10 Padha ora nggondheli prasetyaning Allahsarta padha emoh lumaku manut ing Torete.
11 Padha lali marang pakaryanelan kaelokan kang katindakake,kang wus dikatingalake marang dheweke kabeh.
12 Gusti Allah wus nindakake kaelokan-kaelokan ana ing ngarepe para leluhure,ana ing tanah Mesir, ana ing ara-ara Zoan;
13 segara dipiyak, para leluhur padha disabrangake;banyune diadegake kaya bendungan,
14 ing wayah awan lakune para umat dituntun kalawan mega,ing wayah bengi kalawan padhanging geni.
15 Gunung parang ing ara-ara samun dibengkah,para leluhur mau tumuli padha diparingi banyu akehkaya saka ing samodra agung;
16 saka ing parang Gusti Allah mijilake kali,grojoging banyune kaya bengawan.