20 Pancen Panjenengane nggebag parang satemah metu banyunelan banjur ana kali-kali kang mili;nanging apa iya kuwaos paring roti,utawa nyawisi daging para umate?”
21 Iku kapiyarsa dening Pangeran Yehuwah, njalari dukane,temahan ana geni kang mubal nempuh bani Yakub,sarta bebendune nempuh Banisrael,
22 awit padha ora pracaya marang Gusti Allah,sarta ora padha kumandel marang pitulungane.
23 Gusti Allah tumuli dhawuh marang mega-mega ing dhuwur,lan mbikak lawang-lawanging langit,
24 umate diudani mana minangka pangane,sarta padha diparingi gandum saka ing langit;
25 saben wong wus mangan roti malaekat;padha dikirimi sangu pangan nganti turah-turah.
26 Pangeran ngididake angin wetan ana ing awang-awanglan nggiring angin kidul kalawan kakiyatane;