25 saben wong wus mangan roti malaekat;padha dikirimi sangu pangan nganti turah-turah.
26 Pangeran ngididake angin wetan ana ing awang-awanglan nggiring angin kidul kalawan kakiyatane;
27 umate banjur diudani daging kehe kaya bledug,tuwin diudani manuk kang mawa swiwi cacahe kaya wedhining segara;
28 padha katibakake ing satengahing tarub-tarube,ing sakubenging papan panggonane mau.
29 Tumuli padha mangan nganti wareg banget;Panjenengane maringi apa kang padha dikarepake.
30 Nalika isih padha rumangsa durung wareg,sarta pangane isih ana ing cangkeme;
31 Gusti Allah banjur duka marang wong-wong iku,gembong-gembonge padha dipateni,lan para nonomane Israel padha disirnakake.