29 Tumuli padha mangan nganti wareg banget;Panjenengane maringi apa kang padha dikarepake.
30 Nalika isih padha rumangsa durung wareg,sarta pangane isih ana ing cangkeme;
31 Gusti Allah banjur duka marang wong-wong iku,gembong-gembonge padha dipateni,lan para nonomane Israel padha disirnakake.
32 Sanadyan mangkono, para leluhur mau iya isih bae anggone padha nglakoni dosa,sarta ora pracaya marang sakehing pakaryane Allah kang ngedab-edabi.
33 Mulane dina-dinane kadamel sirna tanpa tanja,sarta taun-taune padha sirna sajroning pagiris.
34 Bareng padha dipateni banjur padha nakokake marang Panjenengane,padha mratobat sarta padha ngupaya marang Gusti Allah;
35 padha kelingan, yen Gusti Allah iku peparange,lan Gusti Allah Kang Mahaluhur iku dadi Juru Panebuse.