33 Mulane dina-dinane kadamel sirna tanpa tanja,sarta taun-taune padha sirna sajroning pagiris.
34 Bareng padha dipateni banjur padha nakokake marang Panjenengane,padha mratobat sarta padha ngupaya marang Gusti Allah;
35 padha kelingan, yen Gusti Allah iku peparange,lan Gusti Allah Kang Mahaluhur iku dadi Juru Panebuse.
36 Nanging padha ngapusi Panjenengane kalawan cangkemelan nggorohi Panjenengane kalawan ilate.
37 Atine ora mantep marang Panjenengane,lan ora setya marang ing prajanjiane.
38 Tujune Panjenengane iku asipat welasan,karsa ngapura kaluputane lan ora numpes umate;malah kerep ngampah bebendune,sarta ora nggigah dedukane kabeh.
39 Panjenengane karsa ngengeti manawa wong iku kabeh daging,angin kang midid, kang ora bakal bali.