35 padha kelingan, yen Gusti Allah iku peparange,lan Gusti Allah Kang Mahaluhur iku dadi Juru Panebuse.
36 Nanging padha ngapusi Panjenengane kalawan cangkemelan nggorohi Panjenengane kalawan ilate.
37 Atine ora mantep marang Panjenengane,lan ora setya marang ing prajanjiane.
38 Tujune Panjenengane iku asipat welasan,karsa ngapura kaluputane lan ora numpes umate;malah kerep ngampah bebendune,sarta ora nggigah dedukane kabeh.
39 Panjenengane karsa ngengeti manawa wong iku kabeh daging,angin kang midid, kang ora bakal bali.
40 Ping pira bae para leluhur mau anggone padha mbalela marang Panjenengane ana ing ara-ara samun,lan anggone padha gawe sekeling galihe ana ing pasamunan!
41 Bola-bali anggone padha nyoba marang Gusti Allah,sarta anggone padha gawe gerahe panggalihing Allah Israel Kang Mahasuci.