47 Wite anggur padha disirnakake sarana udan watu,sarta wite sikmah sarana ebun njendhel.
48 Pepanthaning kewane padha dipasrahake marang udan es,lan rajakayane disamber ing bledheg.
49 Padha didhawahi mulad-mulading bebendune,bramantya, deduka sarta karupekan,apadene malaekat sabregada kang nggawa bilai;
50 Panjenengane ngumbar mulad-mulading bebendune,nyawane padha ora diluwari saka ing pati,nyawane padha diulungake marang pageblug;
51 sakehing anake pembarep wong Mesir padha dipateni,wohing kakuwatane kang kawitan ana ing tarub-tarube Kham;
52 para umat kagungane tumuli padha didhawuhi mangkat kaya wedhus,padha dituntun kaya pepanthan kewan ana ing ara-ara samun;
53 padha dituntun kalawan tentrem, temah ora padha kuwatir,amarga satrune wus padha keblabak ana ing segara;