61 kasantosane nuli diulungake dadi bandhangan,kamulyane dipasrahake marang ing tanganing mungsuh;
62 Panjenengane marengake bae umate kamangsa ing pedhang,sarta bendu marang kagungane piyambak.
63 Para wong non-nomane padha kamangsa ing geni,lan para prawane padha ora dialembana maneh kalawan kekidungan palakrama;
64 para imam padha mati dening pedhang,lan randhane ora padha bisa nangisi.
65 Ing kono Pangeran tumuli wungu, kaya wong kang keturon,kaya prawira kang wus eling saka anggone mendem anggur;
66 mungsuh-mungsuhe padha digebag temah padha mundur,padha kadamel nandhang wirang ing salawase.
67 Panjenengane nampik tarube Yusuf,taler Efraim ora kapilih,