65 Ing kono Pangeran tumuli wungu, kaya wong kang keturon,kaya prawira kang wus eling saka anggone mendem anggur;
66 mungsuh-mungsuhe padha digebag temah padha mundur,padha kadamel nandhang wirang ing salawase.
67 Panjenengane nampik tarube Yusuf,taler Efraim ora kapilih,
68 nanging kang dipilih taler Yahuda,Gunung Sion kang kinasihan;
69 pasucene banjur dibangun nganti sundhul langit,kaya bumi kang tinalesan langgeng;
70 Panjenengane milih Dawud, abdine,kapundhut saka ing satengahe kandhang-kandhang wedhus;
71 kapundhut saka ing panggonane wedhus-wedhus kang padha nusoni,kapatah ngengon trahe Yakub, umate,iya Banisrael kagungane piyambak.